Sejarah Desa

30 April 2014 17:20:39 WIB

Dumadining Desa Pundungsari dening Sumarna. (2019). Saderengipun dados karang pradesan ingkang ageng, wewengkon desa Pundungsari arupi alas utawi wana kathah wit-witan ageng. Para leluhur asma Mbah Dalem (Diposetiko), Nyi Dalem lan Nyai Kancing ingkang dipun pitados minangka pandherek lan abdi kinasih Sunan Kalijaga lelana dumugi papan panggenan menika, lajeng babat alas dados panggenan ingkang sae utawi wangun kangge gesang pramila kawastanan Winangun.

        Sangsaya dangu warganipun sangsaya kathah, ngrembaka, saengga babat alas ing sanes panggenan saperlu mbangun desa malih. Nanging amargi kawontenan desa menika mboten sami antawisipun satunggal desa kalihan desa sanesipun, wiyaring siti lan kemakmuran ingkang mboten warata, ndadosaken kawontenan kirang rukun. Kanthi menika tewah pikajengan para warga lan pamong desa badhe manunggal dados desa ingkang guyub rukun, gemah ripah loh jinawi.

        Kejawi Kalurahan Winangun ingkang sampun rumiyin ngrembaka kanthi Lurah Radyo Suwito, desa sanesipun kala wau inggih menika Kalurahan Danggolo kanthi lurah Mangun Pawiro saha Kalurahan Gesing kanthi lurah Pawiroharjo. Ing jaman tigang lurah menika ingkang amiwiti Dumadining Desa Pundungsari ing warsa 1947, dipun tetepaken sah kanthi Maklumat Nomer 5 warsa 1948, Radyo Suwito ingkang kepareng ngasta minangka Lurah. Sasampunipun manunggal dados desa Pundungsari, kawontenan sansaya sae, gesang ayem tentrem, makmur warata.

        Pundungsari, saking tembung “Purwo” tegesipun wiwitan, “dadi” sampun mastani. Menawi dipun pendhet inti Pundungsarinipun : Kabeh sedulur, Manunggal, Kabeh Makmur. Kados pundi jangkeping bebering cariyos menika, Sumangga sugeng maos.

Bumi Pundungsari

 “Gemah ripah loh jinawi,

toto tentrem kerta raharja” (asta brata).

  1. Kawontenan Desa Pundungsari

Desa Pundungsari inggih menika satunggaling desa ingkang mlebet wewengkon Kecamatan Semin Kabupaten Gunungkidul ingkang dumunung ing iring ler tlatah Gunungkidul arupi redi, sawah lan siti pategalan.

Gambar  Peta Desa Pundungsari

Tapel wates Desa Pundungsari inggih menika :

  • Sisih Ler tapel wates bumi kaliyan Desa Giripanggung,
  • Sisih Wetan tapel wates bumi kaliyan Desa Balong, Girisubo,
  • Sisih kidul tapel wates bumi kaliyan Samodra,
  • Sisih kilen tapel wates bumi kaliyan Desa Semin,

Jumbuh kaliyan paugeran nagari, paprentahan desa utawi kalurahan nglampahi pranatan pusat saha daerah. Ingkang mekaten bebadan kaliyan lembaga ingkang ngesuhi desa ugi kawastanan miturut pranatan ingkang wonten.

        Kawontenan pasiten ing Desa Pundungsari mujudaken pareden, tegalan saha sawah. Wonten siti tegalan, pekawisan, pereng-pereng redi, siti kraton sinebat Sultan Ground utawi SG lan sanes-sanesipun. Ing papan ingkang miring kathah sela-sela utawi watu ingkang saged dipun ginakaken mawerni-werni kabetahanipun tiyang, dene iring kidul wonten Pasareanipun Puta Sinuwun HB II lan guwa minangka papan semedi para dalang wayang kulit saha Gunung Panggung ingkang asri lan nyengsemaken, antawisipun :

  1. Pemakaman Putra Sinuhun HB II (Gedhang PulongPundungsari)
  2. Gua Gadung
  3. Gunung Panggung

Kejawi kadadosan saking pareden, pategalan, sabin ugi anggadhahi wonten sumber toya ingkang saged migunani tumrap panggesanganipun warga, antawisipun :

Wiyaring tlatah Desa Pundungsari wonten 2177,5510 Ha. Tebih caketing papan paprentahan Desa Pundungsari dumugi Kantor Kecamatan Semin 1 Km, Kantor Kabupaten 25 Km saha Kantor Pemerintah D.I.Yogyakarta 60 Km. Desa Pundungsari mujudaken satunggaling tlatah ingkang anggadhahi tata paprentahan ingkang sah kaliyan sampun dipun akeni dening Pamarentah Pusat. Desa mujudaken paprentahan ingkang anggadhahi :

  1. Kukuban desa kanthi tapel wates ingkang gumathok.
  2. Wonten warga ingkang mapan wonten tlatah utawi kukupan Desa Pundungsari ingkang mujudaken satunggaling pakempalan
  3. Anggadhahi tatacara utawi adat tumrap gesang sesrawungan antawisipun warga ing wewengkon wau ingkang mujudaken satunggaling pranatan.
  4. Sampun jumbuh kaliyan paugeran nagari lan dados peranganing ingkang mboten saged kapisahaken.